Thursday, July 06, 2006

Sedulur papat

Saben wong mono duwe sedulur tunggal kelahiran lan tunggal weton.
Wujude? Apa bae sadengah makhluk kang urip ing alamdonya sing ngalame
netes utawa lair utawa mrenca, tur duwe wadag.

Sedulur mau kapantha dadi telung golongan.
Sepisan sedulur tunggal weton lan tunggal dalan kelahiran.
Ya iku kang metu saka guwa-garbaning biyung manut dalan
kanglumrah, arupa:

1. kawah (air ketuban)
2. getih (rah)
3. puser
4. ari-ari

Biasane wong jowo nganggep sedulur papat iku ya iki sedulur
tunggal weton lantunggal dalan kelahiran.
Pancere sopo?
Pancere ora liya awake dhewe kang urip lan adeg-adege amarga oleh
nugrahaning Gusti, dipapanake nang ragane manungsa ya awak-awak
ngene iki, disengkuyung karo sedulur spiritual werna papat mau.
Lha ya nalika nang kendhaga suci si papat mau njalari awak-awak iki
bisa tuwuh nganti lahir. Bar iku njut nang endi, wong biyen
nate urip? Pinracaya yen njut tunggal sajiwa ambek si Pancer.

Golongan loro, sedulur tunggal biyung, tunggal weton ning seje dalan kelahiran.
Iki sing disebut deneng Sedulur Marmati.
Wujude rong perkara, sepisan kumesare si Biyung merga arep oleh momongan sing umume wohing rasa sih-katresnan lan diarep-arep.
Kelorone rasa was-was sumelang lan kogek-kogek, kepriye sing bakal disandang dening
si bayi kang arep lahir. Mula Marmati iku dianggep kakang, lahire liwat "dada".

Katelu golongane kabeh makhluk kang "anane" tunggal weton.
Makhluk apa wae titahe Gusti Kang Maha Kuwasa kang anane
bareng wetone ambek si Pancer.
Mamula ing peradaban lan kabudayan Jawa iku kabeh makhluk akhire tinemu sedulur. Ora ana kang wenang dimungsuhi.... Apa maneh mungsuhan ambek pepadaning manungsa.

Sebab kabeh punjer lan sangkan-parane ya mung siji lan nyawiji kang sarta nyawijekake. Ya iku ora liya Pangeran Kang tan Kena Kinaya
Ngapa. Sing demen mbedak-bedakake bakal kesingsal mengkone ora bisa nyawiji maneh nang asal-usule.

Kabeh mau yen cara Barat, dadene paham MEGANTROPHUS.
Kecenderungan Raya. Kepriye polah lan arahe jagad... ya ing kono
papane Sedulur Papat Lima Pancer... Megantrophus... kabeh sedulur....
ora ana mungsuh ora ana satru. Yen wis mangkono, manungsa
bakal dadi Sang Ajata Satru.... Dadi Co-creator
tumraping Gusti KTKKNg.

Para sedulur, mangkene aturku lan pangertenku.
Panjenengan kabeh iku sedulurku lan pada-pada
nyedulur miwah paseduluran.
Pancere awake dhewe-dhewe, kang supadi bisa
padha-padha dadi pangiketing Meganthropus.

mBah Soeloyo

No comments: