Thursday, July 06, 2006

Monggo pinarak

Kagem sederek wargo jawi.mypiece.com lan sinten mawon
monggo pinarak lan sekecaaken

3 comments:

Anonymous said...

Kesuwun Gusti
(Banyuwangen / Osing)

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki isun diweni rejeki
Cukup nggo tuku seluar ambi klambi
Ngganteni hang wis amoh dipangan srengenge,
diwejek ring kali

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki ono jenang selo ring mejo
Biso nyuguhi tamu-tamu hang teko
Silaturahmi ngelebur kabeh dosa-dosa,
kelebur koyo banyu mili nung segoro

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki isun magih diweni panjang umur
Biso nyekar kuburane mak bapak, ndeprok lungguh tepekur
Macakaken Fatihah mugi-mugi biso sampe ring Gusti, senenge ati hing kaukur

Tapi kelendi ya Gusti
Anake Kang Bodos magih durung duwe seluar anyar, sekolahe durung mbayar
Kang Buwang magih mbecak hing biso sholat Ied, golet setoran
Atin kulo koyo dikeruk ndeleng Mbah Ujah,
lungguh ring pelonco,
mikir bayar utangan

Duh Gusti,
Mugi-mugi rejeki lebaran mampiro ring kono pisan

Chuck Ambaloing

Anonymous said...

Nilai-nilai Jawa kejepit ing antarane
religiusitas agama lan rasionalitas moderen Barat.

Tata cara migunakake kukum (sistem) kang
diadopsi saka budaya lan peradaban manca. (Asia
Daratan lan Eropa). Penyebaran agama saka manca lan lumebune modernisasi ala Barat kang ujung tombake ilmu pengetahuan lan teknologi ing tanah Jawa intensif banget tumekane wektu iki.

Nanging anane owah-owahan jaman, babagan kebatinan (spiritualisme) , balsafah (filosofi lan etika), laku budaya (pertanian, ekonomi, sosial, ritus-ritus, lsp.), primbon, pranata mangsa, seni budaya (wayang, karawitan, tari, batik, keris, arsitektur, lsp.), Mulai kesisih jalaran akeh-akehe wong Jawa dhewe nganggep iku kabeh rumit lan angel. Banjur padha golek gampange(pragmatisme) milih mengadopsi budaya lan peradaban manca kang luwih populer lan gampang.

Senajan ngelmu urip cara Jawa wektu iki dilalekake, nanging isih tetep ana ing sajroning batine saben wong Jawa kinodrat Jawa uga ora
gampang ilange senajan kesilep dening dominasi tata nilai liya. Arepa ing tata lair ora Jawa maneh, kanyatane otot bayune tetep Jawa.