Thursday, July 06, 2006

Cerito jawatimuran

Kesuwun Gusti
(Banyuwangen / Osing)


Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki isun diweni rejeki
Cukup nggo tuku seluar ambi klambi
Ngganteni hang wis amoh dipangan srengenge,
diwejek ring kali

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki ono jenang selo ring mejo
Biso nyuguhi tamu-tamu hang teko
Silaturahmi ngelebur kabeh dosa-dosa,
kelebur koyo banyu mili nung segoro

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki isun magih diweni panjang umur
Biso nyekar kuburane mak bapak, ndeprok lungguh tepekur
Macakaken Fatihah mugi-mugi biso sampe ring Gusti, senenge ati hing kaukur

Tapi kelendi ya Gusti
Anake Kang Bodos magih durung duwe seluar anyar, sekolahe durung mbayar
Kang Buwang magih mbecak hing biso sholat Ied, golet setoran
Atin kulo koyo dikeruk ndeleng Mbah Ujah,
lungguh ring pelonco,
mikir bayar utangan

Duh Gusti,
Mugi-mugi rejeki lebaran mampiro ring kono pisan





wess.. digoroi ae

Gandok karo Sapari pas mancing welut ndek sawah nemu granat nanas telu,
akire arek loro iku iku sepakat kate nyerahno nang kantor polisi,
pas ndek tengah dalan Gandok takon karo Sapari.
"Ri... yok opo lek dorong tekan kantor polisi granate mbledos siji"
"tenang ae ndok " jare Sapari "
yo di goroi ae polisine lek awa'e dewe nemu mek loro.



ora oleh melok

Wong-wong seng podo nglawat mbah dul "bapakne Gandok"
seng sedho mau isuk podo siap-siap kate ngeterno nang kuburan,
Sapari seng sek omor telong taon, tonggo ngarep omahe Gandok kate melok.

Gandok: loo yo ojo, koen sek cuilik ojo melok-melok ngeterno nang kuburan
wes.. ndek omah ae dolen koro koncomu kono.

Sapari yo mangkel atine, "karo nagis" aaawaaas yooo...
lek bapaku mati sampean ora oleh ngeterno nang kuburan.



Nduablek

Sapari esok-esok mangan gedang goreng karo bapakne
ndelok rambute bapakne akeh uwane sapari terus takon
"pak opo'o se kok rambut sampean ake uwane"

bapakne asal njawab
"lek koen nduablek(nakal) peng pisan rambutku dadi uwan siji"

Sapari "ooooh lek ngono sampean lebih ndablek timbang aku,
buktine rambute mbah wes poteh kabeh"



Sing tabah yo . . ..

Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara
10 taun perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku
mlebu nang omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone,
arek loro iku kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.
Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi
ambek bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang
kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune
bojone.
Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang
jedhing.
Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki
bojone.
"Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang
puluh taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti.
Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku.
Umpomo wong iku njaluk main yo wis tak relakno.
Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake
dhewe isok selamet. Sing tabah yo dhik," jare Muntiyadi
wanti-wanti nang bojone.
Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
"Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok
ngono. Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau
ndhelok wong wedhok.
Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong
iku mau asline bisik-bisik nang aku"
"Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok
Muntiyadi penasaran.
"Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus
wong iku takok aku nang endhi nyimpen Handbody. Sing tabah
yo Cak. . .."


___________________________________

monggo sampean tambai

Sanepo lan Parian

Wong jowo duwe seni dewe lek ate ngomong nang wong lio/nyendir seng di arani sanepan/sanepo. Beke ndek nusantoro iki gakono model sanipan, onoe panton koyo ndek melayu deli ambek betawi, lek ndek jowo jenenge parian. Bedane sanipan karo parian/panton iku koyok ngene contone

Sanepan:

Wadoh Kamit kok njanur gunung mrene

janur gunung iku yo Godong Aren maksute Dungaren

Dadi maksute: Wadoh kamit kok dungaren mrene



Kamit iku ancene wite klopo kok

Wite Klopo iku jenenge Glugu. Maksute Lugu

Dadi maksute: Kamit iku ancene Lugu kok



contone Panton/parian

iso nggendang ora iso nggending

Artine: Iso yawang ora iso nyanding



Omah genteng tak saponane

Artine: Abot enteng tak lakonane

Cerito werno-werno

Sesajen modern

Sesajen jaman saiki arupa sogokan, beselan, duwit pelicin
wis ngrasuk kabudayan SESAJI.
Saiki ora kanggo para demit-jinsetan-priprayangan
ning marang sapada-padaning manungsa, sing
kepeneran lagi dadi panguasa, dadi direktur,
dadi penguji nang ujian doktor... hehehe...
lsp. Amarga dianggep bisa mempengaruhi
panguripane wong sing atur sajen, mulane
wong-wong mau perlu disajeni....

Lagu dolalan

Mentok

Mentok-mentok tak kandhani
Mung ulahmu angisin isini
Mbok ya aja kerah ana kandhang dhewe
Enak-enak ribut ora nyambut gawe
Enak-enak ribut rakyat kera kere

Mongggo di tambahi

Sedulur papat

Saben wong mono duwe sedulur tunggal kelahiran lan tunggal weton.
Wujude? Apa bae sadengah makhluk kang urip ing alamdonya sing ngalame
netes utawa lair utawa mrenca, tur duwe wadag.

Sedulur mau kapantha dadi telung golongan.
Sepisan sedulur tunggal weton lan tunggal dalan kelahiran.
Ya iku kang metu saka guwa-garbaning biyung manut dalan
kanglumrah, arupa:

1. kawah (air ketuban)
2. getih (rah)
3. puser
4. ari-ari

Biasane wong jowo nganggep sedulur papat iku ya iki sedulur
tunggal weton lantunggal dalan kelahiran.
Pancere sopo?
Pancere ora liya awake dhewe kang urip lan adeg-adege amarga oleh
nugrahaning Gusti, dipapanake nang ragane manungsa ya awak-awak
ngene iki, disengkuyung karo sedulur spiritual werna papat mau.
Lha ya nalika nang kendhaga suci si papat mau njalari awak-awak iki
bisa tuwuh nganti lahir. Bar iku njut nang endi, wong biyen
nate urip? Pinracaya yen njut tunggal sajiwa ambek si Pancer.

Golongan loro, sedulur tunggal biyung, tunggal weton ning seje dalan kelahiran.
Iki sing disebut deneng Sedulur Marmati.
Wujude rong perkara, sepisan kumesare si Biyung merga arep oleh momongan sing umume wohing rasa sih-katresnan lan diarep-arep.
Kelorone rasa was-was sumelang lan kogek-kogek, kepriye sing bakal disandang dening
si bayi kang arep lahir. Mula Marmati iku dianggep kakang, lahire liwat "dada".

Katelu golongane kabeh makhluk kang "anane" tunggal weton.
Makhluk apa wae titahe Gusti Kang Maha Kuwasa kang anane
bareng wetone ambek si Pancer.
Mamula ing peradaban lan kabudayan Jawa iku kabeh makhluk akhire tinemu sedulur. Ora ana kang wenang dimungsuhi.... Apa maneh mungsuhan ambek pepadaning manungsa.

Sebab kabeh punjer lan sangkan-parane ya mung siji lan nyawiji kang sarta nyawijekake. Ya iku ora liya Pangeran Kang tan Kena Kinaya
Ngapa. Sing demen mbedak-bedakake bakal kesingsal mengkone ora bisa nyawiji maneh nang asal-usule.

Kabeh mau yen cara Barat, dadene paham MEGANTROPHUS.
Kecenderungan Raya. Kepriye polah lan arahe jagad... ya ing kono
papane Sedulur Papat Lima Pancer... Megantrophus... kabeh sedulur....
ora ana mungsuh ora ana satru. Yen wis mangkono, manungsa
bakal dadi Sang Ajata Satru.... Dadi Co-creator
tumraping Gusti KTKKNg.

Para sedulur, mangkene aturku lan pangertenku.
Panjenengan kabeh iku sedulurku lan pada-pada
nyedulur miwah paseduluran.
Pancere awake dhewe-dhewe, kang supadi bisa
padha-padha dadi pangiketing Meganthropus.

mBah Soeloyo

Monggo pinarak

Kagem sederek wargo jawi.mypiece.com lan sinten mawon
monggo pinarak lan sekecaaken