Thursday, July 06, 2006

Cerito jawatimuran

Kesuwun Gusti
(Banyuwangen / Osing)


Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki isun diweni rejeki
Cukup nggo tuku seluar ambi klambi
Ngganteni hang wis amoh dipangan srengenge,
diwejek ring kali

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki ono jenang selo ring mejo
Biso nyuguhi tamu-tamu hang teko
Silaturahmi ngelebur kabeh dosa-dosa,
kelebur koyo banyu mili nung segoro

Kesuwun ya Gusti
Lebaran saiki isun magih diweni panjang umur
Biso nyekar kuburane mak bapak, ndeprok lungguh tepekur
Macakaken Fatihah mugi-mugi biso sampe ring Gusti, senenge ati hing kaukur

Tapi kelendi ya Gusti
Anake Kang Bodos magih durung duwe seluar anyar, sekolahe durung mbayar
Kang Buwang magih mbecak hing biso sholat Ied, golet setoran
Atin kulo koyo dikeruk ndeleng Mbah Ujah,
lungguh ring pelonco,
mikir bayar utangan

Duh Gusti,
Mugi-mugi rejeki lebaran mampiro ring kono pisan





wess.. digoroi ae

Gandok karo Sapari pas mancing welut ndek sawah nemu granat nanas telu,
akire arek loro iku iku sepakat kate nyerahno nang kantor polisi,
pas ndek tengah dalan Gandok takon karo Sapari.
"Ri... yok opo lek dorong tekan kantor polisi granate mbledos siji"
"tenang ae ndok " jare Sapari "
yo di goroi ae polisine lek awa'e dewe nemu mek loro.



ora oleh melok

Wong-wong seng podo nglawat mbah dul "bapakne Gandok"
seng sedho mau isuk podo siap-siap kate ngeterno nang kuburan,
Sapari seng sek omor telong taon, tonggo ngarep omahe Gandok kate melok.

Gandok: loo yo ojo, koen sek cuilik ojo melok-melok ngeterno nang kuburan
wes.. ndek omah ae dolen koro koncomu kono.

Sapari yo mangkel atine, "karo nagis" aaawaaas yooo...
lek bapaku mati sampean ora oleh ngeterno nang kuburan.



Nduablek

Sapari esok-esok mangan gedang goreng karo bapakne
ndelok rambute bapakne akeh uwane sapari terus takon
"pak opo'o se kok rambut sampean ake uwane"

bapakne asal njawab
"lek koen nduablek(nakal) peng pisan rambutku dadi uwan siji"

Sapari "ooooh lek ngono sampean lebih ndablek timbang aku,
buktine rambute mbah wes poteh kabeh"



Sing tabah yo . . ..

Onok napi ucul seko LP Medaeng, Napine iku wis dipenjara
10 taun perkoro narkoba.
Mergo bingung katene mlayu nang endhi, akhire napi iku
mlebu nang omahe Muntiyadi.
Pas iku Muntiyadi lagi kelonan nang kamar ambek bojone,
arek loro iku kuaget onok wong sangar mlebu nang omahe.
Durung sempet mbengok, napi iku mau wis nyancang Muntiyadi
ambek bojone.
Muntiyadi dicancang nang kursi, lha bojone dicancang nang
kasur.
Mari nyancang, Muntiyadi ndhelok napi iku ngelamuti gulune
bojone.
Mari ngelamute, moro-moro napi iku ngalih lungo nang
jedhing.
Pas napine nang jedhing, Muntiyadi nggeser kursine nyedaki
bojone.
"Dhik, wong iku koyoke gak tau ndhelok wong wedhok pirang
puluh taun. Aku ndhelok gulumu mau dikelamuti.
Saiki ngene ae dhik, awakmu nuruto ae opo karepe wong iku.
Umpomo wong iku njaluk main yo wis tak relakno.
Sing penting wong iku ndhang ngalih terus nyowone awake
dhewe isok selamet. Sing tabah yo dhik," jare Muntiyadi
wanti-wanti nang bojone.
Mari mbrebes mili, genti bojone Muntiyadi sing cerito.
"Cak, aku melok seneng lek sampeyan ndhuwe pemikiran koyok
ngono. Sampeyan bener Cak, wong iku wis sui gak tau
ndhelok wong wedhok.
Tapi Cak, wong iku sakjane mau gak ngelamuti guluku. Wong
iku mau asline bisik-bisik nang aku"
"Iyo tah dhik, ngomong opo wong iku nang awakmu? takok
Muntiyadi penasaran.
"Jarene, sampeyan iku imut-imut ambek seksi Cak, terus
wong iku takok aku nang endhi nyimpen Handbody. Sing tabah
yo Cak. . .."


___________________________________

monggo sampean tambai

1 comment:

Anonymous said...

JOKO TING TING

Saripah prawan ndeso ngedangan kepingin nyoba ngolek penguripan nang kota, pas kate budal pamitan karo simbok, mbok saripah arepe budal dungakno slamet lan berhasil yo mbok.. iyo ndok pesen mbok lek umpomo awakmu oleh jodo ndek kota pesen mbok jodomu
nomer siji kudu seng setia,
nomer loro kudu seng iso ngirit,
nomer telu kudu joko ting-ting.
Iyo mbok tak eling2 pesen sampean mbok, berangkatlah saripah nang kota.
Telong wulan saripah wes moleh tekam kota karo
ngandeng wong lanang terus mator karo simboke.
mbok aku wes nemu jodo ndek kota yo wes cocok
karo pesene mbok, lek mlaku-mlaku yo nyekeli tanganku terus lo mbok. mbokne mangut-mangut
terus pas mlaku-mlaku nang taman aku kudanan terus dewe'e ngajak ngiyop ndek hotel gawe ngirit duit deweke ngajak nyewo kamar siji, berarti iso ngirit to mbok? mbokne manggut-manggut mane.
Saripah nerosno critone wonge yo sek joko lo mbok. loh karo kaget mbokne takon koen kok
iso ero lek sek joko ndok? iyo soale anune sek di
bonkos plastik mbok..;